Selasa, 10 Februari 2015

Cerkak Basa Jawa

Dudu Cerita Wong Kasmaran
Qona’ah Oktaviani (XII IPA 1)

Bubar sekolah aku langsung natani buku lan banjur mlaku maring ngarep sekolah. Ya, aku ora nggawa kendaraan dewek. Saben dina aku luntang luntung luruh tebengan utawi becak. Dina iki aku sibuk nemen, bubar sekolah jam siji, lan aku kudu mangkat pramuka jam setengah telu.
Wis setengah jam aku luruh tebengan lan becak. Kanca lanang sing biasa tak tebengi wis penuh kabeh, ana pacare padha mbonceng. Becak sing ana neng ngarep sekolah wis tak takoni kabeh.
“Om, tanjungsari pinten Om?”
“Limalas ewu mba.” Asem. Duite sapa nggo numpak becak semono. Atiku ngedumel.
“Lah, larang nemen, wong aku dewekan kah Om, biasane aku wong papat maring Tegal be nem ewu. Ora sida Om.” Kiye trik sing biasa dilakoke Ibuku. Biasane tukang becak bakal ngomong, “Eh mba nyuwune pinten?” Tapi dina kie mbuh nangapa trik kie ora ampuh.
Ujug-ujug ana swara gelas, piring lan barang-barang kaca pecah. Aku kaget nemen, nganti buku-buku sing tak cekel tiba kabeh. Lagi natani buku, ujug-ujug ana kanca kelas pinggirku, Asep, teka ngrewangi natani buku. Asep kuwi bocah anyar kang baguse ngalahna guru basa jawaku sing ngaku titisane arjuna. Duwur, putih, aku kelelep nang lamunanku karo asep nganti aku krungu swara barang-barang kaca pecah maning. Asep melu kaget, buku-buku sing wis ditatani tiba maning. Bareng tak pikir, jebule kuwi swara telpunku. Maklum, jaman kie pancen lagi tenar ringtone sing model kaya kue. Asem, sapa sing nelpun.
“Keprimen?”
“Gita kiyee.”
“Oh gita, nangapa?”
“Pramuka toh? Kiye wis jam loro, aku delat maning mangkat.”
“Astaghfirullah, ya yaa.”
Asep mbeleake buku-buku sing wis ditatani. Jebul ora krasa wis jam loro. Saking gugupe, aku ora sempet ngucapna maturnuwun karo Asep. Wislah ngesuk bae. Lah, cerkakke ora sida crita tresna-tresnanan.
“Om, yuhlah limalas ewu paha.”
“Yuh mangkati mba.”
Neng ndalan aku weruh Asep lagi mlaku dewekan. Lah, melaske banget sih mlaku. Akhire Asep tak tebengi nganggo becak maring umahe. Iye, akhire aku tau nebengi wong. Iye, akhire ana kesempatan cerkakke crita tresna-tresnanan.
Aku karo Asep ngobrol akeh nemen. Jebule Asep wonge asik nemen. Wis mlaku suwe nemen, kok ora tekan-tekan umahe Asep. Becake mubeng-mubeng ora nggenah. Asep maning ditakoni umahe neng endi malah ngguyu-ngguyu tok.
Ujug-ujug…
“Mba, tangi, kie wis tekan tanjungsari. Umahe sing endi?”
“Astaghfirullah, Om sapaa? Asep endi??”
“Asep sapaa? Primen sih mba, kiye aku tukang becak, umahe sing endi?”
“Ya Allah Asep, ketinggalan, ning mimpiku…”
“Mbak!”
“Eh, kue om, pinggire bakul mie ayam, warna ijo.” Becakke banjur mandeg. Akhire aku tekan umah. Aku bisa siap-siap mangkat pramuka. Iye, cerkakke ora sida tresna-tresnanan maning. Wis orapapa pramuka bae.
Aku adus bebek. Adus karo bebek. Bebek-bebekan sih. Bubar adus, aku nglirik jam, ya Allah setengah telu kurang lima. Aku mlayu maring kamar.  Aku papasan karo bapakku. Bapakku tembe bae balik.
“Dek, tembe balik?”
“Iya Pak nangapa?”
“Numpak apa?”
“Becak, nangapa sih? Gugup kiye pan ganti klambi.”
“Wis mbayar durung?”
“Astaghfirullah durungggg!”

Aku banjur mlayu maring ngarep. Tukang becake lagi ngelapi becakke. Aku mbayar lan nyuwun pangapura marang tukang becakke amarga ngenteni aku suwe banget.